Bissmillahirrohmanirrohim,
Allhamdullilahirobil alamin, wasobihi Wasollatu wasalam mu alla assrofil ambiya
iwa mursalin, Syaidina muhamadin, wangala ali sayidina ajmangin ama badu
Para sesepuh/pinisepuh ingkang satuhu kinurmatan,
Bapak Dukuh/Bpk RT 01/Bpk. RT 02 lan Para hadirin sedoyo ingkang
kawula hormati
Para rencang pemuda/pemudi PEKIK ingkang bahagia
Langkung rumiyen
manga kita sedaya tangsah ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti
Allah SWT, dene wonten ing ndalu punika kita pinaringan kawilujengan,
karaharjan, ing sahengga saged ngrawuhi wontenipun acara malam tirakatan
pengetan 17 Agustus 2012
Saklajengipun kula
minangka salah satunggaling wakil saking pemuda-pemudi PEKIK, lan ketua panitia
- Ingkang sepisan, ngaturaken sugeng rawuh, saha sugeng lenggah, dateng Bapak-Bapak/Ibu-ibu, awit saking rawuhipun kula lan panitia ngaturaken agunging panitia ngaturaken angungin panuwun.
- Ingkang saklajengipun kula lan panitia nyuwun pangapunten ingkang kathah mbok bilih anggenipun nanggepi Bapak-Bapak/Ibu-ibu, pinanggih mapinten-pinten kekirangan.
- Ingkang saklajengipun, Kita panitia ngaturaken agunging panuwun Dumateng Bapak-Bapak/Ibu-Ibu, ingkang sampun ambiatu awujud menapa kemawon, bondho lan iguh pratikel, ing sahengga saged mbiantu kaleksananipun ndalu tirakatan wonten saat menika
- Kita saking panitia anggadahi pangajab, mugi-mugi kanthi pengetan/utawi malam tirakatan ing ndalu menika, kita sedaya saged nambahi raos rela berkorban, saha raos kekeluargaan ing sahengga wonten kita gesang menika tangsah guyup rukun lan saged nerusaken cita-citanipun para pahlawan ingkang gugur wonten madyanipun peperangan
- Kita saking para pemuda lan pemudi PEKIK ugi tangsah nyuwun tambahing donga pangestu, mugi-mugi anggen kita ngisi kamardikan, kanthi nindaaken sinau wonten ing sekolahan saged pikantuk hasil ingkang saestu memuaskan ing, saengga saged nerusaken perjuanganipun para pahlawan.
Ingkang
saklajengipun mbok bilih kula pribadi agen kita matur katahh tumpang suhing
atur, sasar-susur nyuwun agunging pangapunten, cekap semanten atur kula, awit
saking kawigatosanipun kula lan panitia ngaturaken angunging panuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar